Pntun Bahasa Jawa

6:48:00 AM
images.jpg
Mlaku mlaku neng surolayan
kecocok paku pakune mlengkung,
Malem minggu ora duwe gendakan
mending turu njero sarung.


Ono yuyu keblekan watu
watune belah dadi pitu,
Pancen sliramu sing paling ayu
tambah ayu nek dadi pacarku.

Mbukak tenong isine sego
Nggelar keloso ing wayah wengi,
Dadi uwong kudu gelem rekoso
Supoyo uripe biso mukti.


Mangan jadah lawuhe bandeng
Nggodok uwi neng njero kuali,
Dasar bocah rodo gendeng
Di kandani malah mangsuli.

Tuku gereh di doli teri,
Tuku roti di doli apem
Pancen aneh bocah saiki
Pamite ngaji malah dugeman.
Previous
Next Post »
0 Komentar

Berharap memberi masukan untuk lebih baik lagi

Hosting Unlimited Indonesia